JENENGE ANAK KEWAN
- anak ampal jenenge : embung
- anak angrang jenenge : kroto
- anak asu jenenge : kirik
- anak ayam (pitik) jenenge : kuthuk
- anak babi jenenge : gembluk
- anak bandeng jenenge : nener
- anak bantheng jenenge : wareng
- anak banyak jenenge :
- anak baya jenenge : rete
- anak bebek jenenge : meri
- anak bethik jenenge : menter
- anak blanak jenenge : sendha
- anak brati jenenge : tongki
- anak budheng jenenge : kowe
- anak bulus jenenge : ketul
- anak cacing jenenge : lur
- anak cecak jenenge : sawiyah
- anak celeng jenenge : genjik
- anak coro jenenge : mendhet
- anak dara jenenge : piyik
- anak dhorang jenenge : tamper
- anak emprit jenenge : indhil
- anak gagak jenenge : engkak
- anak gajah jenenge : bledug
- anak gangsir jenenge : clondho
- anak garangan jenenge : rase
- anak garengpung jenenge : drungkuk
- anak gemak jenenge : drigul
- anak glathik jenenge : cecrekan
- anak gundhik jenenge : laron/rayap
- anak iwak jenenge : beyong
- anak jangkrik jenenge : gendholo
- anak jaran jenenge : belo
- anak kadhal jenenge : tobil
- anak kakap jenenge : caplak
- anak kalajengking jenenge : ketupa
- anak kancil jenenge : kenthi
- anak kebo jenenge : gudel
- anak kecapung jenenge : jenthit
- anak kemangga jenenge : ceriwi
- anak kepik jenenge : mreki
- anak kidang jenenge : kompreng
- anak kimar jenenge : kedah
- anak kinjeng jenenge : senggutru
- anak kinjeng dom jenenge : undur-undur
- anak kintel jenenge : kentus
- anak kethek jenenge : munyuk/kenyung
- anak kodhok jenenge : precil
- anak kombang jenenge : engkuk
- anak konang jenenge : endrak
- anak kremi jenenge : racek
- anak kucing jenenge : cemeng
- anak kul/keyong jenenge : krikik
- anak kupu jenenge : uler
- anak kura jenenge : laos
- anak kuthuk jenenge : kotesan
- anak kwangwung jenenge : gendhot
- anak laler jenenge : set/singgat
- anak lamuk jenenge : jenthik
- anak lawa jenenge : kampret
- anak lele jenenge : jabrisan
- anak lemut jenenge : uget-uget
- anak lintah jenenge : pacet
- anak lisang jenenge : beles
- anak lodan jenenge : jengkelong
- anak lutung jenenge : kenyung
- anak luwak jenenge : kuwuk
- anak luwing jenenge : gonggo
- anak macan jenenge : gogor
- anak manuk jenenge : piyik
- anak menjangan jenenge : kompreng
- anak menthok jenenge : minthi
- anak merak jenenge : uncung
- anak nyamblik jenenge : slira
- anak pe jenenge : genyong
- anak pleting jenenge : jaringan
- anak sapi jenenge : pedhet
- anak sembilang jenenge : lenger
- anak singa jenenge : dibal
- anak tambra jenenge : bokol
- anak tawon jenenge : gana
- anak tekek jenenge : celolo
- anak tikus jenenge : cindhil
- anak tongkol jenenge : cengkik
- anak tumo jenenge : kor
- anak ula jenenge : kisi/ucet
- anak urang jenenge : grago
- anak wader jenenge : sriwat
- anak wagal jenenge : jendhil
- anak walang jenenge : dhogol
- anak warak jenenge : plenging
- anak wedhus jenenge : cempe
- anak welut jenenge : udhet
- anak yuyu jenenge : beyes
Tidak ada komentar:
Posting Komentar